WEWILAH BISMILAH
Tanjebaken wewilah bismilah
dipuné dahar dangder
tumancebaken bismilah
dipuné uripé bener
selimahakene wegah lelampah
mangkané uripé ngebelenger
kadirasané yentah niaté boten salah
pastiné lelakoné jelinger
Supados ngarti hikmah
kedah jero ngaji bismilah
senajan urép dzohiré payah
batiné tetep syukur-bungah
sing mangkané gah ari bismilah
puniku sejatine wewilah
sing butiné gah elmu lan hikmah
sios mangse bismilah niku gegaman
dados senjatané wong kang iman
waktos liané bismilah puniku auban
dados gubugé ati kang kepanasan
anging pastiné sinten saos kelakonan
bakal werasani madune bismilah asihan
nggéh puniku kangden asihi pengeran
SANTRI MAMBU-MAMBU SANTRI
Santri kalong puniku
Mambumambu santri
Kalong santri puniku
Santrisantri mambu
Mambu santri artiné
Demen elmuné santri
Santri mambu artiné
Ngakungakune santri
Santri kalong tetep santri
Senajan nyantriné bolong
Bengi nyantri awané santri
Senajan sejabané kombong
Kalong santri lagané santri
Ngedol aran elmune bodong
Fangfing doang sing diilari
Syareat lan tirakate nyolong
SABAR NONG
Nong mengkin nong
Napik gagé ngeloyong
Nong sabar nong
Napik laju mendorong
Kakangé lagi giginau
Elmu ning Tuan Guru
Dipune urép lumaku
Ari jodo pasti ketemu
Nong aring nong
Dunye kedah siap ahiré
Nong eling nong
Demen kedah sereng adabé
Kakangé ngilari sangu
Sangu urip pastine elmu
Los temen boten ketemu
Ari do’e limang waktu
29 Mei 2016
URIP SENAJAN ARIP
Dedaki dikosoki dédé dikeroki
Limang waktu awan lan bengi
Rereged pikiran rogol didzikiri
Kekarat ati merotol diistighfari
Urupurup boten kedah diareparep
Sing penting pened lakon buri-arep
Urip kedah katah elingé senajan arip
Sewadine melek ati napék ketap-ketip
Sintensinten atiné waspade temenan
Gusti Allah maringi dalan keselametan
21 juni 2016
Betet Qordowi adalah nama pena dari Yayat Hidayatullah yang merupakan penyair asal Cilegon dan juga pengasuh Majlis Ta’lim Lazuardi.